soal latihan kelas 1 semester 1 beserta kunci jawaban
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1 - 5.
kenalan
jenengku ibrahim
umurku pitung taun
aku kelas siji ing mi al hakim
omahku ing jl. merapi no 5
bapakku asmane pak firdaus
ibuku asmane bu rukoyah
kakangku jenenge ishaq
1. sing kenalan yaiku . . . .
a. ibrahin
b. firdaus
c. hakim
2. sekolahe ibrahim ana ing . . . .
a. mi al firdaus
b. mi al hakim
c. mi ibrahim
3. omahe ibrahim ana ing . . . .
a. jl merbabu no 5
b. jl mahameru no 7
c. jl merapi no 5
4. bapake ibrahim asmane . . . .
a. firman
b. firdaus
c. fardan
5. kakange ibrahim jenenge . . . .
a. ismail
b. ishaq
c. isnaini
6. piyek-piyek-piyek jenenge swara . . . .
a. babon
b. jago
c. kuthuk
7.
|
|
e |
|
u |
d |
kanggo ngiseni kothak sing isih kosong yaiku aksara . . . .
a. l lan n
b. l lan m
c. l lan b
8. Wedus swarane . . . .
a. gug-gug-gug
b. meong-meong
c. mbek-mbek
9. kewan iki kang swarane krik-krik -krik yaiku . . . .
a. wedus
b. jangkrik
c. sapi
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 10 - 17.
Menthog-menthog
menthg-menthog tak kandhani
mung solahmu angisin isini
mbok ya aja ndheprok
ana kandhang wae
enak-enak ngorok
ora nyambut gawe
menthog menthog
mung lakumu megal megol
gawe guyu
10. Sing dikandhani yaiku . . . .
a. menthog
b. minthi
c. meri
11. lakune menthog yaiku . . . .
a. alon banget
b. banter banget
c. megal megol
12. ana tembang ing dhuwur menthog iku kewan sing . . . .
a. pinter
b. sregep
c. keset
13. menthog gaweane . . . .
a. turu
b. dolan
c. mangan
14. lakune menthog gawe . . . .
a. seneng
b. guyu
c. nesu
15. menthog ndheprok ana ing . . . .
a. kandhang
b. alas
c. kebon
16. solahe menthog . . . .
a. gawe guyu
b. ngguyokake
c. ngisin isine
17. menthog ora gelem . . . .
a. golek pangan
b. nyambut gawe
c. lunga-lunga
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 18 – 25
baya lan banteng
baya kebrukan uwit
dheweke ora bisa obah
baya megap megap
napase ngos ngosan
tujune bantheng teka
baya njaluk tulung
baya ditulungi bantheng
baya ora matur nuwun
malah arep nyokot punuke bantheng
kancil teka
baya dibalekake kaya maune
dibruki uwit gedhe
baya ora bisa obah
banjur ditinggal lunga
18. baya kebrukan . . . gedhe
a. pang
b. uwit
c. kayu
19. baya ora bisa . . . .
a. obah
b. mlaku
c. ambegan
20. dheweke . . . megap
a. megap
b. mendep
c. mendek
21. baya napase . . . .
a. pedhot-pedhot
b. ngos-ngosan
c. cendhak-cendhak
22. tujune . . . teka
a. baya
b. bantheng
c. kancil
23. baya spate . . . .
a. ala
b. becik
c. serakah
24. banteng . . . baya
a. nulungi
b. ngewangi
c. nuturi
25. punuke bantheng arep . . . dening baya
a. dithuthuk
b. dipuntir
c. dicokot
Kunci jawaban PAS b. jawa kls 1 tahun 2020/2021
I.
1. A 6. C 11. C 16. B 21. B
2. B 7. B 12. C 17. B 22. B
3. C 8. C 13. A 18. B 23. A
4. B 9.B 14. B 19. A 24. A
5. B 10. A 15. A 20. A 25. C
Komentar
Posting Komentar